Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+

Teks Nonsastra Bahasa Jawa

Baca di App
Lihat Foto
Kompas.com/ElizaNavianaDamayanti
Teks Nonsastra Bahasa Jawa
|
Editor: Serafica Gischa

KOMPAS.com – Teks nonsastra basa Jawa yaiku teks utawa karangan kang surasane (isine) kedadeyan nyata kang ana ing masyrakat.

Teks nonsastra kalebu karangan ilmiah yaiku karangan kang dikembangake adhedhasar aturan-aturan panulisane lan aturan panggunane basa.

 Tuladhane teks nonsastra basa Jawa, yaiku:

Baca juga: Tembung Garba: Pengertian, Contoh

Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+

Tuladha teks nonsastra basa jawa 1

Assalamu alaikum wr.wb.

Para rawuh kakung putri ingkang satuhu kinurmatan.

Pengetan dinten Kartini punika kita adani, awit saking kadereng ngurmati lelabetanipun para pahlawan bangsa ingkang sampun ngrumiyini katimbalan ing pangayinaning Pangeran. Para wicaksana sampun paring sesuluh, bilih bangsa ingkang kinurmatan punika bangsa ingkang saget ngurmati lelabetanipun para pahlawan.

Kita mboten remen manawi dipun wastani bangsa utami ingkang mboten kinurmat, bangsa ingkang aji. Kanjeng Nabi Muhammad paring dhawuh, kaum wanita kuwi jejer dadi saka gurune negara. Yen wanita savvijining bangsa kuwi bobrok, bakal bobrok negarane.

Kula aturi menggalih, kados pundi manawi estri sami ngangsa-asa bandha, tansah ndhesek kakunge dipun uja kamurkaning bab bandba. Kakung mesthi badhe tumindak nalisir saking samesthinipun. Ingkang wonten kalodhangan lajeng sami korupsi, nguleri bandha negari.

Baca juga: Mengenal Tembung Entar dalam Bahasa Jawa

Para rawuh, dene kewajiban pawestri ingkang makaten wau dipun gesangaken malih lan dipun pandhengi dening Raden Ajeng Kartini. Panjenenganipun pengin mulihaken hakipun kaum estri ingkang jaman samanten dipun rampas dening penjajah.

Raden Ajeng Kartini mboten namung berjuang kangge kelompok lan golonganipun. Senajan panjenenganipun golongan bangsawan, nanging perjuanganipun kangge kawula sedaya. Panjenenganipun ada-ada utawi ngadani Sekolah Pawestri, supados tiyang estri ugi pinter kados tiyang kakung.

Manawi sampun pinter, mboten badhe nguja kekajenganipun penjajah, mesti badhe mbangkang dipun jajah, satemah kaum wanita tangi, gumregah, sesarengan kaliyan kakung sami berjuang merdikakaken bangsanipun.

Nanging Ing akhir-akhir punika, eba sedhihipun Raden Ajeng Kartini, awit sareng sampun kasil perjuanganipun, kepara-para putri sami klintu arahipun. Sadaya kepingin dipun sami kaliyan priya. Satemah ngantos mboten wonten wates antawisipun priya lan wanita.

Sinaosa Raden Ajeng Kartini berjuang nuju emansipasi/hak sami antavvisipun priya lan wanita, nanging tetep anut kodrat mboten sami kaliyan priya. Tetep kakung punika pemimpinipun wanita. Bapak tetep minangka pernimpin rumah tangga.

Ing wusana, mangga sami ndedonga mugi-mugi gegayuhan luhuripun Raden Ajeng Kartini, saged tansah kajiwa wonten ing pribadinipun Kartini Kartini jaman samangke, sahengga ambabar ganda arum nuju kuncaranipun bangsa Nuswantara.

Makaten, sedaya kalepatan nyuwun pangapunten, Matur Nuwun.

Wassalamu alaikum wr.wb.

Baca juga: Apa Itu Tembung Camboran?

Tuladha teks nonsastra basa jawa 2

Wara-wara Wigati!

Minangka tataran ajange maca lan nulis basa lan sastra Jawa, Panitia Peringatan Tanggap Warsa kaping-60 SMP Negri 04 Kepanjen ngadani lomba ngarang geguritan. Dene syarat-syarate melu lomba kaya ing ngisor iki. 

  1. Peserta lomba siswa SMP N 04 Kepanjen kelas VII – IX.
  2. Naskah geguritan asli karyane dhewe.
  3. Naskah geguritan durung tau dipacak ing koran utawa majalah.
  4. Naskah dikirim menyang Panitia Lomba Ngarang lan Maca Gegurita Jawa SMP N 04 Kepanjen.
  5. Naskah geguritan uga dikantheni data peserta (jeneng, tempat lan tanggal lair, lamat, telepon).
  6. Naskah ditunggu dening panitia paling keri tanggal 19 Agustus 2012.

Ayo rame-rame melu lomba! Kanggo ngisi wektu kosong ngiras pantes ngukur kabisan ing babagan susastra Jawa.

Baca juga: Tembung Pepindhan: Contoh dan Artinya

Referensi:

  • Nuraini, S. P. (n.d). Pepak Basa Jawa Lengkap. Karanganyar: Lingkar Media.
  • Raharjo, S.H. (n.d). Kawruh Basa Jawa Pepak. Semarang: CV. Widya Karya.
Dapatkan update berita pilihan dan breaking news setiap hari dari Kompas.com. Mari bergabung di Grup Telegram "Kompas.com News Update", caranya klik link https://t.me/kompascomupdate, kemudian join. Anda harus install aplikasi Telegram terlebih dulu di ponsel.


Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+
Halaman Selanjutnya
Halaman
Tag

Artikel Terkait

Artikel berhasil disimpan
Lihat
Artikel berhasil dihapus dari list yang disimpan
Oke
Artikel tersimpan di list yang disukai
Lihat
Artikel dihapus dari list yang disukai
Oke
Artikel dihapus dari list yang disukai
Oke
Baca berita tanpa iklan. Gabung Kompas.com+

Kompas.com Play

Lihat Semua

Terpopuler
Terkini
Lihat Semua
Jelajahi