KOMPAS.com - Kita mengenal berbagai jenis teks dengan berbagai tujuan dalam kehidupan sehari-hari. Persuasi, menurut Kamus Besar Bahasa Indonesia, adalah sebuah kata, kalimat, atau ucapan yang membujuk dengan cara yang halus agar orang lain yakin dengannya. Secara teknis, definisi teks persuasif hampir sama.
Teks persuasi bahasa Jawa secara teknis didefinisikan sebagai teks bahasa Jawa yang isinya berusaha membujuk atau mengajak pembaca untuk melakukan hal-hal tertentu yang diungkapkan oleh penulis.
Oleh karena itu, kalimat-kalimat dalam teks persuasi bahasa Jawa selalu berusaha mengajak atau memengaruhi pembaca untuk sependapat dengan penulis.
Isi teks persuasif bahasa Jawa pada umumnya berkaitan dengan kepentingan orang banyak karena bertujuan untuk mempengaruhi pendapat orang terkait suatu hal.
Teks persuasi bahasa Jawa sebagai teks berisikan ajakan, saran, bujukan, imbauan, pengaruh, arahan, larangan, atau perintah kepada seseorang. Teks persuasi bahasa Jawa tersusun atas empat struktur, yakni pengenalan isu, rangkaian argument, pernyataan ajakan, dan penegasan kembali.
Baca juga: Mengenal Ukara Lamba Basa Jawa
Berikut contoh teks persuasif bahasa Jawa!
Contoh teks persuasif 1
Karesikan Lingkungan
Karesikan lingkungan mujudake tanggungjawabe bebarengan. Mujudake lingkungan kang resik bakal ndadekake warga kang manggon ing papan kasebut ngrasa ayem lan tentrem.
Ngancik mangsa rendheng iki adate akeh dumadi kahanan kang ora dipengini. Salah sijine yaiku anane banjir lan tanah longsor.
Mulane kanggo ngawekani babagan kasebut. Prayogane kabeh masyarakat kudu tansah bebarengan njaga karesikane lingkungan.
Cara sing paling gampang kanggo njaga karesikane lingkungan yaiku kanthi mbuwang larahan ing papan kang samesthine.
Aja pisan-pisan mbuwang sampah utawa larahan ing kali utawa selokan. Jalaran sampah utawa larahan kang dibuwang ing kali bisa nyumpeti iline banyu.
Yen nganti iline banyu kasumpet. Menawa ana udan gedhe, samesthine bakal ndadekake banjir kang banget ngrugekake warga kang mapan ing sauruting kali.
Ing perangan liya, saliyane aja mbuwang sampah utawa larahan ing kali. Prayogane masyarakat bisa nindakake kegiyatan 3 M (mengubur barang bekas, menutup tempat penampungan air, menguras bak air) kanggo ngawekani serangan nyamuk demam berdarah kang adate metune mbarengi tekane mangsa rendheng.
Muga-muga kanthi njaga karesikane lingkungan kanthi bebarengan iki bakal ndadekake kita kabeh adoh saka sawernaning bebaya lan samubarang kang ora dipenginake.
Contoh teks persuasif 2
Bebayane Rokok
Kaya sing wis dingerteni, rokok ngemot nikotin lan tar. Loro-lorone minangka bahan kimia sing mbebayani banget kanggo sistem pernapasan.
Saliyane tar lan nikotin sing kasebut ing kemasan, sejatine ing siji rokok ana luwih saka 4000 bahan kimia, sing 200 beracun. Dampak kasebut ora mung ditampa dening para perokok, nanging uga wong ing saubengé. Wong-wong iki diarani perokok pasif. Perokok aktif lan pasif, loro-lorone bakal kena pengaruh sing padha. Efek saka udud kalebu penyakit jantung, kanker lan impotensi. Kanthi akeh efek negatif saka udud, luwih becik kita nyingkiri udud.
Kanthi ora ngrokok bakal nggawe awak sehat lan nyuda polusi udara. Kajaba iku, kanthi ora ngrokok, kita ora cilaka wong liya. Kanggo iku, sampeyan kudu nyingkiri udud. Amarga ing rokok cilaka luwih gedhe tinimbang keuntungan.
Contoh teks persuasif 3
Bebayane Narkoba
Tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menawi dipuntingali saking kesehatan banget meruhi aken dumateng badan kita sedaya. Amargi tiyang ingkang nggadahi karemenan ngisap narkoba menika gampil kenging penyakit.
Awit meniko, kita kedah ngajak para warga masyarakat supados ampun pisan-pisan nggunakaken narkoba lan obat-obatan terlarang. Monggo kita sedaya gunakaken wekdal kagem hal-hal ingkang positif inggih punika maca buku, olah raga, lan sak panunggalane.
Referensi:
- Lestari, S. P. (2015). Peningkatan Motivasi dan Keterampilan Menulis Karangan Persuasi dalam Bahasa Jawa Melalui Model Pembelajaran Kontekstual pada Siswa Kelas VII E SMP Negeri 16 Surakarta. digilib.uns.ac.id
- Utari, Y. P. (2012). Analisis Wacana Persuasi Pada Artikel Islami Di Majalah Hadila Edisi Agustus sd Desember 2011 (Doctoral dissertation, Universitas Muhammadiyah Surakarta).