KOMPAS.com - Geguritan yaiku puisi jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tertamtu. Bebas jumlah larik larik ukara ing saben pada, jumlahe pada, pilihan basa kang digunakake, maksude panggurit ana kang nggunakake purwakanthi kadhang ora migunakake purwakanthi.
Geguritan kang migunakake purwakanthi yen dirungokake luwih kepenak (luwih nges). Supaya luwih cetha wacanen paugerane geguritan.
Geguritan iku iketaning basa kang awujud syair. Mula ana kang ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung geguritan asale saka tembung gurita, tembung gurita owah-owahan saka tembung gerita.
Tembung "gerita" linggane "gita". Tegese tembang utawa syair. Geguritan Jawa sakawit panemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang warna-warna wujuding dhapukane.
Baca juga: Teks Geguritan: Pengertian dan Contoh
Adhedhasar dhapukaning ukara lan pangrakitaning tembung, werna-werna araning geguritan, kaya ing ngisor iki:
- Syair rong gatra sapada = gita dwigatra Syair telung gatra sapada = gita trigatra
- Syair patang gatra sapada = gita catur gatra Syair limang gatra sapada = gita panca gatra
- Syair nem gatra sapada = gita sadgatra
- Syair pitung gatra sapada = gita sapta gatra Syair wolung gatra sapada = gita hastha gatra
- Syair sangang gatra sapada = gita nawa gatra Syair dhapur sonata
Geguritan gagrak lawas
Ing ngisor iki yaiku penjelasan saka geguritan gagrak lawas!
Pengertian geguritan gagrak lawasGeguritan gagrag lawas utawa kuna iku geguritan kang isih kaiket ing wewaton guru gatra, guru wilangan, guru lagu uga kaendahane ana ing tembung utawa diksine migunakake purwakanthi.
Paugeran geguritan gagrak lawasGeguritan gagrak lawas iku duweni paugerane dhewe, yaiku:
- Cacahing gatra saben sapada ora ajeg, nanging sathithike ana patang gatra.
- Cacahing wanda saben gatrane ajeg, yaiku ana wolung wanda.
- Dhong-dhinging swara ing saben pungkasaning gatra nganggo purwakanthi guru swara (kaya syair ing Kasusastran Indonesia)
- Lumrahe dipurwakanthi nganggo tembung "sun gegurit" utawa "sun anggurit"
- Geguritan gagrag lawas lumrahe isi piwulang
Tuladha geguritan gagrak lawas, yaiku:
Sun Gegurit
Kaanan jaman saiki
Sipat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi duk jaman nguni
Srawung sarwa ngayahi
Baca juga: Jenis-Jenis Puisi Lama
Geguritan gagrak anyar
Ing ngisor iki yaiku penjelasan saka geguritan gagrak anyar!
Pengertian geguritan gagrak anyarDene geguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren iku wujude wis beda karo geguritan gagrag lawas.
Geguritan gagrag anyar katon luwih mardika, wis ora kaiket paugeran kaya paugerane geguritan gagrag lawas.
Jalaran geguritan iki wujude memper karo puisi bebas ing kasusastran Indonesia, mula geguritan gagrag anyar ana kang ngarani “puisi bebas”.
Ananging owah-owahan saka geguritan gagrag lawas tumekaning gagrag anyar iku dumadi kanthi proses. Pangripta kang miwiti nulis geguritan gagrag anyar iku R. Intoyo kanthi irah-irahan "Dayaning Sastra".
Patokan geguritan gagrak anyarGeguritan gagrag anyar utawa geguritan modheren nduweni patokan:
- Basane kalebu basa endah, tegese dudu basa padinan.
- Tetembungane pilihan, tegese ora mung waton nggunakake tembung.
- Sajak pungkasan mardika utawa bebas isine mentes.
- Ana kalane nganggo lelewaning basa utawa gaya bahasa .
Geguritan gagrak anyar duweni paugeran dhewe, yaiku:
- Ora kaiket wewaton guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.
- Luwih ngutamakake babagan isine kang mentes, apik, endah, lan uga becik.
- Kanggo nambah kaendahan basa nggunakake purwakanthi sawetra bae.
- Isi pitutur, piweling, kritik, protes, sindiran, pangresah, pamundhut, lan sapanunggalane.
Tuladha geguritan gagrak anyar, yaiku:
Daktulis layang iki kalane ombak pijer lelumban
Rebut dhisik ngaras wedhi-wedhi putih ing gisiking panguripan
Saka sandhuwure baita daksawang owah gingsire kahanan
Sanyatane reged lan resik raga
Mung kabiji rikala sinawang ing netra
Tanpa nate tinimbang nganggo weninge kaca rasa
Mulane aja pada kaget rikala nyekseni
Sesawangan kang gawe trenyuhe ati
Dadi kekembangane wengi
Samangsa dolana menyang pesisir
Baca juga: Perbedaan Geguritan dan Tembang
Referensi:
- I Made Sura Wijaya Loka, I. K. (2019). Nilai Pendidikan Karakter dalam Geguritan Wirotama. Jurnal Penelitian Agama Hindu.
- Ucik Fuadhiyah, A. P. (2023). Eroticism in Modern Javanese Poetry (Geguritan); an Analysis with a Semiotic Approach. Sutasoma: Jurnal Sastra Jawa.